WARA-WARA

Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.

Perangane Wara-Wara

1. Judul/Irah-irahan

2. Adangiyah/salam taklim

3. Bebuka/Pambuka

4. Surasa Basa/ Isi

5. Wasana Basa/ Panutup

6. Panggonan lan titi mangsa

7. Peprenah/jabatan

8. Tapak Asma

9. Asma Terang

WARA-WARA

assalamu’alikum wr.wb

Siswa kelas VII, VIII, lan IX kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas VII, VIII, lan IX supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing

dinten : selasa,

surya  : 27 november 2012

para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

wirosari,25 november 2012

ttd

Para siswa kang tansah daktresnani,

Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 65 Republik Indonesia, OSIS SMK bina patria 1 sukoharjo badhe dherek-dherek ngrameaken.

Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:

dinten : Setu-Minggu

surya : 15-16 juni 2010 tabuh : 08.00 dumugi paripurna

papan : SMK BINA PATRIA 1 SUKOHARJO

Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Danu setiawan utawi Sdr. Danang Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.

Sukoharjo, 2 Agustus 2010

                                                                                               Ketua OSIS,
                                             
                                                  ttd

NUR KHOLIST

Sumber: http://jv.wikipedia.org/wiki/Wara-Wara

CONTOH PENGUMUMAN DALAM BAHASA JAWA (WARA – WARA)

1.      PANGGILAN KETUA KELAS
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya ketua kelas X, XI, XII sak menika ugi katuraken makempal dateng leripun ruang Guru. Sepindah Maleh……
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaykum wr wb
2.      PANGGILAN PESERTA OLIMPIADE EKONOMI
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI ingkang nderek Olimpiade Ekonomi sak menika ugi makempal dateng ruang Multimedia pambeng (keperluan) bimbingan. Sepindah Maleh…….
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaykum wr wb
3.      NEMU DUWIK
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi dipun panggihaken arta 50.000 ing leripun Masjid. Kagem siswa-siswa ingkang kicalan sak menika ugi saget dipundut dateng piket. Sepindah Maleh…..
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaykum wr wb
4.      BALI ISUK
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI amergi dinten punika Bapak Ibu guru wonten rapat ing Dinas Pendidikan. Para Siswa saged kundur enjing. Sepindah Maleh…..
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaykum wr wb
5.      JALAN SEHAT OSIS
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI mbenjang dinten Sabtu badhe diwontenake Jalan Sehat OSIS dalam rangka HUT SMADA NGAWI. Para Siswa diwajibaken mbeto Kaos Olahraga. Sepindah maleh……
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaykum wr wb
6.      RAPAT GURU
      Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya Bapak Ibu Guru ingkang mucal dateng kelas sak menika ugi katuraken makempal ing ruang guru pambeng (keperluan) Rapat ISO.  Sepindah maleh…..
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaykum wr wb
7.      PANGGILAN KETUA ORGANISASI
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya ketua organisasi SMAN 2 Ngawi sak menika ugi katuraken makempal ing Laboratorium Biologi pambeng (keperluan) Rapat program kerja organisasi. Sepindah maleh……
Cekap semanten pengumuman saking kula. Matur suwun
Wassalamualaykum wr wb
8.      PENGUMUMAN EKSTRAKURIKULER
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi ingkang tumut ekstrakurikuler karawitan mangke bakda kundur sekolah katuraken makempal ing ruang aula. Sepindah maleh….
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaykum wr wb
9.      NEMU HP
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi dipun panggihaken HP merk canggih ing leripun ruang aula.Kagem siswa-siswa ingkang kicalan sak menika ugi saget dipundut dateng piket. Sepindah Maleh…..
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaykum wr wb
10.  PENGUMUMAN MENTORING
Assalamualaykum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa kelas X khususipun ingkang beragama Islam. Dinten punika mentoring badhe diwontenaken mangke bakda sholat jumat. Sepindah maleh…
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamu’alaikum wr wb